Wednesday, January 29, 2014

Kumpulan Cerito Cekak / Cendak Bahasa Jawa

Kumpulan Cerito Cekak / Cendak Bahasa Jawa

“DHAGELAN”

Alhamdulillah yen diparingi sehat, cobo wae bayangna yen suggih kabeh kabutuhan kecukupan. Nduwe omah apik, nduwe mobil, nduwe tivi limo nanging yen mripate belekken lakyo ora wangun tha? Aku banjur kelingan dek dina kamis, dina iku Alhamdulillah aku sehat. Aku menyang sekolah kaya biasane,  aku sekolah ing SMP faforit yaiku SMP Negeri 1 Pengasih. Tekan sekolah aku banjur mlebu kelas, ora kroso bel wis muni, iku tandane pelajaran wis arep dilekasi. 15 menit sakdurunge pelajaran iku tadarus moco Al-Qur’an. Ora kroso anggone jam pelajaran kepisan tekan pelajaran jam ke-telu uwes rampung, saiki wektune istirahat. Aku lan konco-koncoku padha dolanan nang njeron kelas, ngrembug pelajaran karo mangan-mangan. Gandeng kanca-kancaku padha crita pengalamane dhewe-dhewe aku nduwe cerita lucu kanggo kanca-kancaku, judule : “NGADUSI KUCING” saka judule wae wus lucu, kucing kui lak kewan sing wedi karo banyu tha? Genea ngopo kog diadusi?
Ceritane ngene ana bocah cilik jenenge Andi, Andi nduwe ingon-ingon kang awujud kucing, ono ing salah sawijining dina, andi ngomong karo bapakne, “Pak, nyuwun dhuwite?” bapakne banjur takon “arep tok nggo opo to, ndi ?”, Andi njawab “ kangge tumbas RINSO (deterjen) pak” , karo sumeh Bapakne nerusake takon “ wah kog dingaren arep ngumbah klambimu dhewe?”karo rodo bingung Andi Mangsuli pitakone Bapakne, “ ngeten Pak, kula niki gadah kucing, kucinge wau mboten adus pirang-pirang dino, nah…. Kulo tumbas RINSO (deterjent) wau kangge ngadusi kucing kula.” Bapakne ngampet ngguyu “ owalahhh Andi Andi anake Bapak sing bagus dhewe kucingmu kui ojo diadusi, mengko iso mati nek tok adusi”. Andi ngeyel tetep pengen tuku RINSO (deterjent) kanggo ngadusi kucinge, “tak jamin mboten pak”, gandheng Andi ngeyel bapakne banjur menehke duit Rp1000,- “iki ndi cukup tha?” “cukup pak”.
Sakwise ngedusi kucing Andi banjur marani bapakne karo ngomong, “PAAAAKK KUCINGKU MATI” karo ngampet ngguyu bapakne omong “ tenan tha? Opo jare bapak kucingmu kui wedi banyu, lha nek tok adusi yo iso mati” Andi banjur nangis “Pak kucing kula mati mboten amargo tak adusi” , “ lha terus keneng opo kucingmu ki?” pitakone bapakne marang andi. “kucing kula mati amargi kula PERES”. Kanca-kancaku podho ngguyu ger-geran nganti bel masuk wes muni. Rasane seneng banget nek iso nggawe kancaku ngguyu. 


Numpak Pesawat
     Nalika arep numpak pesawat, hal sing kudu di gatekake yaiku ojo nganti salah pesawat. Bisa-bisa mengko iso salah tujuan.
Ing dina Senin, Bapak Budi arep numpak pesawat. Tujuanipun Bapak Budi yaiku ing Sumatra. Griyanipun Bapak Budi menika Jawa Tengah, ing desa Cilacap. Sahengga Bapak Budi kudu mundhut Tiket ing Bandara. Sakdurunge numpak pesawat. Ing pesawat hal-hal sing kudu digatekake  yaiku ora oleh ngrokok/no smoking, ora oleh mbeta hp lsp.
     Nalika sakdurunge numpak pesawat barang-barang sing digawa penumpang di cek kaliyan petugas pesawat iku. Barang-barang sing wis lulus cek oleh petugas langsung digawa ing pesawat. Ing pesawat, nalika penumpang arep ngunjuk utawa dhahar wis ana layanan ing pesawat  Nanging uga layanan ing pesawat iso bedho-bedo tergantung regane sing murah utawa sing larang. Sing murah layanane utawa fasilitase sethithik lan sing larang fasilitase saya akeh lang lengkap.
     Numpak psawat dibandingake karo numpak sepur, luwih cepet pesawat, tur regane larang. Merga regane larang wong-wong mayoritas ekonomi menengah ke bawah luwih milih numpak sepur kasebut, nanging desek-desekan. Nanging uga Bapak Budi luwih milih numpak pesawat amarga bisa tekan tujuan luwih cepet.


Kunarpa Tan Bisa Kandha

Ing sawijining dina, eneng bocah jenenge Pipin. Dheweke nduwe 2 sedulur, jenenge Riris lan manik. Bocah telu kae sakben dinone ora iso akur. Mesthi ono wae perkorone. Nanging, nek pas bocah telu mau kerengan, ibune mesthi luwih mbela Pipin. Amarga Pipin kuwi anak kandunge, nanging Riris lan Manik kuwi anak tiri.
Pipin nganakake pesta tanggap warsa cara climen ing omahe, Jalan Suroyo Probolinggo. Lagi ramene pesta, ibune menyang jedhing, njerit, tiba krungkup, ketatap lingire kolah bathuke benjut, semaput. Digotong rame-rame menyang kamare. Banjur seda. Saka kedadean kuwi, para warga melu penasaran amarga prejayane Bu Sulun, ibune Pipin.
Banjur Detektip Handaka ditekakake. Dheweke nyelidhiki nemokake barang-barang yen sedane ibune Pipin amarga diprejaya. Sing mrejaya mesthi ya andher ing pestane Pipin. Nanging, kabeh uwong ana ing pestane Pipin ora ono sing ngaku. Malah podo ribut amarga melu khawatir. Bar kuwi, Pipin kelingan yen dheweke nduwe sedulur, Riris lan Manik. Detektip Handaka banjur marani boca loro kuwi mau ing ngomahe.
Esoke, pas arep dislidhiki, bocah loro kae malah dolang ing nggone kancane. Kabeh warga sing arep ndelok dadi ora iso melu ndelok. Banjur Detektip Handaka lunga dewe arep nylidhiki kuwi mau. Disetitekake Handaka, sedulur telu Pipin, Riris lan Manik, sajak ora susah ibune seda, malah katon seneng. Saka bukti kuwi mau, Detektip Handaka nyimpulake yen sing mrejayani Bu Sulun kuwi inggih menika anake tiri dewe, Riris lan Manik. Boca kae mau ngaku, dhwewke mrejayani Bu Sulun amarga ora seneng karo sifate sing mesthi mbela Pipin.
Mbengine, bocah loro kuwi mau dilebokake ing penjara amarga uwis mrejaya ibune dhewe.



Proyek Rel Ganda Nemahi Perkawis Gantos Rugi Tanah
           
Tim pembebasan tanah proyek rel ganda Kabupaten Kendal, Jawa Tengah, nemahi perkawis. Ingkang dados sebab, wonten warga ingkang nyuwun gantos rugi tanah kanthi regi inggil, inggih punika ngantos 10 juta per meter. Mila ngantos sakniki, pembebasan tanah ing Kendal nembe kalaksanan 50%.
Miturut pangandikanipun Kepala Bagian Tata Pemerintahan Kabupaten Kendal, Agung Budi Cahyono, tanah ingkang sampun dibebasaken namung 45 hektar. Kamangka, tanah ingkang dipunbetahaken kangge proyek rel ganda kirang luwih 98 hektar.

Tanah ingkang taksih dados perkawis inggih punika wonten ing Weleri kaliyan Kaliwungu. Ing Weleri,wonten tigang tiyang ingkang nyuwun tanahipun dipun pundhut kanthi regi 6 juta per meter. Sawetawis, warga Desa Krajan Kulon, Kaliwungu, nyuwun Pemkab mundhut tanahipun kanthi regi 10 juta per meter. 
Miturut kateranganipun Agung tanggal 8 Januari 2013, regi ingkang dipun suwun warga punika inggil sanget. Sebab, regi ingkang dipun temtuaken dening tim saking 800.000 ngantos 2 juta per meter. Punika namung regi tanah, dereng kalebet regi bangunan.

Agung nambahaken, ing pungkasan Maret 2013, perkawis pembebasan tanah kangge proyek rel ganda dipunkarepaken sampun rampung. Wonten Kendal, paling mboten wonten 25 desa ingkang badhe dipundamel proyek rel ganda. Tanah ing 15 desa sampun bebas. Nanging, tanah ing 10 desa sanesipun taksih dipunrembag. Menawi tetep mboten nemahi kesepakatan gantos rugi, tim badhe nglebetaken perkawis punika dhateng pengadilan, supados enggal-enggal dipungelar sidang konsinyasi.


Maulid Nabi Muhammad

Assalamuallaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Para pemirsa, tasih kaliyan kula Mirta Hanindya Resanti ing acara pawarta enjang punika. Salajengipun injih punika pawarta saking kutha Grobogan injih babagan ‘Maulid Nabi Muhammad’. Sumangga kita simak pawartanipun.
Sewunan warga saking maneka kutha ngrayakaken tradisi ‘Maulid Rasul’ ing Grobogan dibarengi iringan musik Islam rebana lan dipandu kaliyan Habib Syech Asegaf, warga sing rawuh padha njoghet kaliyan ngumandangake salawat Nabi.
Iringan rebana lan syair-syair jawa kaliyan salawat kang dipimpin Habib Syech Qodir Asegaf narik kawigaten warga dingge hanyut kanggo nglantunaken salawat Nabi. Tradisi Maulid Nabi dilaksanakake kaliyan masyarakat Grobogan secara turun temurun lan nglantunaken salawat sareng-sareng kangge bentuk penghormatan ingkang Nabi Muhammad. Warga yakin peringatan Maulid Nabi bakalan maringake keberkahan kanggo warga.
Sabubare nglantunaken salawat, ritual do’a lan permohonan keslametan akhire dipanjataken. Selain kangge mempererat kerukunan kanggo warga uga ngeyakini tradisi Maulid Rasul sing berlangsung turun-temurun, yaiku tradisi ingkang agung lan bakalan terus dilestarikaken.
Sampun cekap sakmenten pemirsa, kula Mirta Hanindya Resanti melakili kru lan kerabat kerja ingkang bekerja nyuwun pamit, menawi wonten kalepatanipun nyuwun samudra pangestu.
                Wassalammualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.



SASONGKO 19 TAHUN TEWAS GUMANTUNG ING OMAHE
Kakira amarga nandhang depresi abot sawijining warga padhukuhan     paten desa Sumber Agung kecamatan Bantul nekat ngendhat lumantar panji klanthung iki mungkasi uripe kanthi cara ngendhat nanggo tali plastik kang ditalekake ing ndhuwur lawang kamr omahe.
            Tumindakke kanoman aran sasongko 19 tahun kang nekat iki langsung gawe gegere para warga mlikine tanggane korban. Kanoman kang wis suwe dimangerteni ngalami depresi iki nekat ngendhat nganggo tali kang ditalekake ing ndhuwur angin-angin lawang kamare, miiturut saakehing seksi ing papan kadadean korban wis makaping-kaping dirumat ing rumah sakit jiwa ing Pakem, Sleman kanthi laku kang ditindakake sasongko kasebut langsung dimangerteni dening bapakne.
            Nalika mulih saka sawah, mangerteni yen anakke wis gumantung, Bapakne korban langsung ngethok tali kang digunakake kanggo ngendhat kanthi pangucap supaya anakke isih ketulungan. Kapolsek Jethis, Letjen komisaris Sumardi ngelakake korban murni tewas amarga nglalu. Jrone paniti priksa medis lan tim identifikasi seka polres Bantul ora nemokake tanda-tanda kang ngupriyani. Sakbanjure jasade korban dipasrahake marang pihak keluarga saperlu dipethak.

No comments:

Post a Comment

Popular Posts Now